Kamis, 23 Oktober 2014

PROFIL ANGGOTA

Nama          : Ayu Rasydta Puspa Lestari
Kelas          : XI MIIA 3
No. Absen  : 06
TTL            : Sukoharjo, 10 Agustus 1998
Gol. Darah  : A
Sekolah       : SMA N 1 Purbalingga

Nama          : Hafidz Dzulfauzi Rahman
Kelas          : XI MIIA 3
No. Absen  : 14
TTL            : Sleman,11 Oktober 1998
Gol. Darah  : O
Sekolah       : SMA N 1 Purbalingga

Nama          : Nining
Kelas          : XI MIIA 3
No. Absen  : 22
TTL            : Purbalingga, 17 Desember 1997
Gol. Darah  : B
Sekolah       : SMA N 1 Purbalingga

Nama          : Syifa Ade Fauzi
Kelas          : XI MIIA 3
No. Absen  : 30
TTL            : Purbalingga, 17 April 1998
Gol. Darah  : A
Sekolah       : SMA N 1 Purbalingga

Selasa, 21 Oktober 2014

KARYA KELOMPOK

TEMA : KABUDAYAN
EBEG EDAN


Jungkat jungkit klambi abang mlayu-mlayu
Beling dadi sega
Ra ana sing wanti-wanti
Eling-eling kabudayane ebeg edan

ISI TEMBANG
Budaya ebeg sampun radi punah. Wonten ing tembang menika, ngajak masyarakat supados ngeling-eling utawi nglestarikaken budaya ebeg.




Tembang Pocung karya Kelas XI MIIA 3

Tembang pocung karya kelas XI MIIA 3

Tangi turu mangan sega kuning mambu
Adus karo ayam
Kenang talang banyu kali
Peot kempot dekok njluwag pancen sarap



Paugeran Tembung Pocung Kasebut :
  • Guru Gatra : 4
  • Guru wilangan : 12, 6, 8, 12
  • Guru Lagu : u, a, i, a
  • Guru wilangan lan Guru lagu : 12u, 6a, 8i, 12a

MACAPAT

Macapat tegese yaiku maca papat-papat utawi maca cepet.
Manut serat Mardawalagu, ingkang diyasa dening R. Ng. Ranggawarsita, macapat menika awujud saking tembung maca pat lagu, ingkang kagungan teges maca tembang kang kaping pat. sanese maca pat lagu, uga wonten  maca sa lagu, ro lagu lan tri lagu. Kados mekaten :
  1. Maca sa, kalebu tembang kuna kasebt tembang Kawi (Sekar Kawi)
  2.  Maca ro, uga kalebu tembang kuna kasebut tembang Gedhe (Sekar Ageng)
  3.  Maca tri, uga kalebu tembang kuna nanging sakwetawis rada enggal kasebut tembang Tengahan (Sekar Tengahan)
  4.  Maca pat, kalebu tembang enggal kasebut tembang Cilik (Sekar Alit)


Pangertosan tembang macapat inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu lan anggenipun maos kedah sakaraken. 

  • Paugeran ingkang wonten ing tembang macapat inggih menika wonten guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
  1. Guru gatra         ---> cacahing larik/ukara saben sapada
  2. Guru wilangan  ---> cacahing wanda (suku kata) saben sagatra
  3. Guru lagun       ---> tibaning swara utawa ing pungkasaninging gatra
  • Titikan (ciri-ciri) tembung Macapat :
  1. Migunakake pathokan / paugeran : guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
  2. Basane ngangge basa  Jawa enggal
  3. Isine bab pitutur, kasusilan, dhonga, kaprajan wayang
  4. Bisa katindakake tana iringan gending (madeg dewe)
  • Guna tembung Macapat :
  1. Kangge kasusastraan jaman saniki
  2. Kangge mbawani utawa ngiringi gendhing 
  3. Kangge ngarang kapustakan Jawa
  4. Kangge lagu-lagu kathoprak utawi wayang wong
  5. kangge parikan utawi dhagelan
  • Jinising tembang Macapat :
  1. Maskumambang ( 4 gatra-- 12i 6a 8i 8a ). Ngambarake jabang bayi ingkan teksih wonten kandhutan ibune, ingkang dereng kawruhan jaler utwi estri. Mas ateges dereng ketingal jaler utawi estri, kumambang ateges uripe ngambang wonten kandhutane ibune. Watake nelangsa, ngeres-ngeres cocok kanggo carita nrenyuhake.
  2. Mijil (6 gatra-- 10i 6o 10e 10i 6i 6u). Ategese sampun lair lan sampun cetha jaler utawi estri. Watake prihatin cocok kangge cerita sedih utawi cerita babagan asmara.
  3. Sinom ( 9 gatra-- 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a ). Ateges kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wiganti kanggene tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sak akeh-akehe. Watake canthas, trengginas cocok kangge kaandarake petuah.
  4. Kinanthi (6 gatra-- 8u 8i 8a 8i 8a 8i). Saking tembung kanthi utawi nuntun ingkang ateges dituntun supados saged mlampah kangge piwulang sawijining ngelmu ingkang ngandung asmara.
  5. Asmarandana (7 gatra-- 8i 8a 8e/o 8a 8a 8u 8a). Ateges rasa tresna, tresna wonten liyan (estri utawa jaler lan kosok baline) ingkang kabeh wau sampun dados kodrat ilahi. Watake sedih prihatin sajroning asmara cocok kangge cerita ingkang ngemu rasa sedih lan ngandung rasa asmara.
  6. Gambuh (5 gatra-- 7u 10u 12i 8u 8o). Saking tembung jumbuh / sarujuk ingkang ateges yen wis jumbuh / sarujuk digathukake antarane  jaler utawa estri ingkang padha kagungan rasa tresna wau, ingkang pangangkah supaya saged urip bebrayan. Watake sumanak sumadulur cocok kangge menehi mitudhuh pagerten lan ngandhut rasa seneng.
  7. Dhandanggula ( 10 gatra-- 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a). Ngambaraken urip tiyang ingkan saweg seneng-senenge, kagungan anak, urip cukup kanggo sak kaluwarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, saged diarani lagu ndandhanggula Watake ngresekake, kepranan, luwes cocok kangge nggambarake napa mawon.
  8. Durma (7 gatra-- 12a 7i 6a 7a 8a 5i 7i). Saking tembung darma / weweh. tiyang yen sampun rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kandang mitra liyane ingang saweg nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengen darma / weweh marang sapadha-padha. Kabeh wau disengkuyung uga saking piwulang agama lan watak sosiale manungsa. Kabeh sereng , nesu cocok kangge nyritakaken rasa sereng, gregeten, utawi cerita perang.
  9. Pangkur (7 gatra-- 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i). Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Ingkang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha. Watake sereng, nesu cocok kanggo ngandharake pituduh kanthi rada nesu utawi kangge wiwitan perang.
  10. Megatruh (5 gatra-- 12u 8i 8u 8i 8o). Saking tembung megat roh utawi pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan wonten inkang Maha Kuwasa. Watake trenyuh, mesakake cocok kangge cerita ingkang ngandung rasa sugih memelas
  11. Pocung (4 gatra-- 12u 6a 8i 12a). Yen sampun dados mayit utawi layon banjur mori putih utawi dipocung sakdurunge dikubur. Watake greget rada kendo cocok kangge cerita ingkang laras.